Ant-bar punika sanes program ingkang lumaku piyambak nanging kanthil sesarengan kaliyan browser mozilla firefox. Menawi Ant-bar sampun diinstal, mangke wonten jendela firefox (ngandap sisih tengen) ketingal tombol ant-bar ingkang kaserat "donwload".
Carane nggina'aken nggih gampil sanget, nalika panjenengan buka video youtube lan videonipun sampun mlaku, panjenengan klik mawon tombol ngandap sisih tengen jendela mozila ingkang kaserat "download" punika. sak lajengipun file video ingkang dipun kersa'aken langsung ketingal wonten progres download, nanda'aken menawi proses download sampun lumaku.
Nanging sak derenge panjenengan kedah download lan install rumiyin program tambahan ant-bar punika. tata cara donwload lan instal ant-bar saged panjenengan waos wonten ing tutorial cekak, wonten mriki http://mbahlatif.blogspot.com/2010/12/cara-praktis-download-video-youtube.html
Cekap semanten seratan kulo, mugi wonten manfaatipun lan nyuwun agunging pangaksami menawi katah kalepatan, kirang unggah-ungguh lan kirang tata krami...
Maturnuwun....Salam Nguri-uri Basa Jawi...

1 komentar:
basa jawinipun komentar, meniko nopo gih ...?
mbok menawi prayogi, "Monggo paring wawasan".
Poskan Komentar
Monggo berkomentar....